Friday, February 3, 2012

Sapa sejatine Ykhandler

Wis wiwit taun 2008, internet ing hapeku gratis. Aku gawe panjlajah gawanan ing Nokia 6020 lan kartu Indosat kanggo internetan wektu iku. Kanggoku iku wis cukup. Nanging ing taun 2010, nalika aku ganti hape Sony Ericsson, aku mulai nggunaake aplikasi Opera Mini Handler, sawijining perkakas sing bisa mblantiki operator seluler.

Opera Mini Handler kuwi diciptaake wong Indonesia. Jenenge Ykhandler. Dheweke gawe aplikasi handler kuwi ing 2008 lan pertama ngenalake aplikasi kuwi ing forum imzers.org.

Kawit suwi, wiwit aplikasi handler pertama diluncurake, aku kepengin weruh sapa sejatine Ykhandler kuwi. Aku takon kana-kene. Lan sawise ngobrol ing forum, aku ngerti yen Ykhandler manggon ing Jakarta lan lulusan Universitas Bina Nusantara. Jeneng asline Yosep Karli.

Yosep Karli sadar yen jumlah pengguna aplikasi handler saiki wis mundak. Mangka, nganggo modal domain lan mesin Wordpress, dheweke mbangun situs ykhandler.com. Situs iki ngwenehi updatean aplikasi anyar. Karli dibantu Dzebb, bocah Filipina, kanggo ngrumat situs kuwi. Kalian keahlian programming Java, Dzebb pisan-pisan nyiptaake aplikasi handler, kaya sing dilakoni Karli.

Anggota sing terdaftar ing Ykhandler wis dadi atusan. Nanging ing pirang-pirang wulan terakhir iki, Yosep Karli ora aktip maneh ing situse. Dheweke tau ngomong yen dheweke pegel. Dadi dheweke kepengin mandeg disek saka kancah perblantikan.

Muga-muga Karli bakal cepet bali. Akeh kanca-kanca saka Indonesia lan luar negeri, utamane saka Filipina lan Nigeria, sing padha ngenteni. Sementara iki, situs Ykhandler dicekel Dzebb lan dipindah ing hosting Blogger sing dinduweni Google kuwi.

Aplikasi handler yaiku perkakas hape sing bisa ngwenehi siasat supaya internetmu gratis. Ing aplikasi handler, ana menu macem query, HTTP, host, lan real host.

ykhandler Yosep Karli
Foto pencipta aplikasi handler, Yosep Karli utawa luwih dikenal Ykhandler, saka Indonesia.

Monday, August 8, 2011

Undoh Bolt Browser 2.52 Handler

Bolt 2.52 full handler downloadYen kowe takon apa panjlajah web sing tampil paling apik kanggo hape, aku bakal jawab Bolt Browser. Bolt kuwi gawenane Bitstream Inc., sawijing yayasan ing Eropa.

Tampilane Bolt beda kalian liyane. Nalika dak bandingake karo panjlajah Opera Mini lan UC Browser, Bolt dadi juarane; dheweke nyajiake layar web sing meh padha kalian komputer.

Bolt kuwi dilansir pisanan tanggal 16 Februari 2009. Akeh blogger lan tukang web, salah sawijing aku dhewe, sing seneng karo panjlajah iki amarga dheweke ora mung apik ing tampilan, tapi uga banter. Bolt uga bisa digawe ndelok video streming. Dadi saben kowe buka YouTube, misale, kowe langsung bisa muter fileme lewat halaman situse. Ing Opera Mini lan UC, iki ora bisa dilakuake.

Lha, ing akhir-akhir iki, para tukang sing ahli dandan aplikasi Java wis ngluncurake Bolt 2.52, lengkap kalian menu handler 202 sing paling anyar kuwi. Handler 202 nduwe kotak "Real Host." Fungsine kanggo mbujuki operator macem Tri utawa XL supaya internetmu bisa gratis.

Mangga undoh aplikasine ing kene, utawa waca postingan versi Inggrise.

Sunday, August 7, 2011

Mahasiswa Indonesia diwenehi penghargaan ing Singapura

Michael Theofanis indonesian hero in Singapore receives Public Spiritedness AwardIng negara dhewe ora ana aji; ing negara liya, oleh gunggung puji. Lha, ukara kuwi padha karo berita anyar sing marak ing Singapura, negara tangga sing gedhene mung sakupil.

Ceritane ngene: Michael Theofanis, sawijing mahasiswa manajemen ing kampus Singapura, lagi ngaweruhi maling loro sing arep ngrampok supir taksi. Dheweke banjur mareki, arep nulung. Nganggo papan kayu sakanane, dheweke nggodak rampok sing mlayu sambi nodong piso kuwi, nanging ujuk-ujuk, dheweke diedet teka mburi karo wong pakaian biru-biru, didlosorke ing lemah, lan tangane dikunci. Rupane polisi ngira Theofanis kuwi rampok. Dheweke dicekel.

Sanajan Theofani njelasake yen dheweke dudu rampoke, polisi sing ndlosorno ing lemah kuwi ora percaya. Nanging sawise supir taksi ngandani yen rampoke yaiku wong loro sing wis mlayu, dheweke banjur diuculake. Sepuloh menit sawise, rampok kuwi kecekel.

Klawan tindakan kang kendel kuwi, Theofani diwenehi penghargaan Public Spiritedness Award saka pemerintah Singapura.

Theofanis lunga ing Singapura nem taun kapungkur. Dheweke saiki wis umur 30 taun, lan lagi mareake belajare ing jurusan akutansi lan kauangan.

Saturday, August 6, 2011

Buletin anyar diterbitake

Blogging blimbing buletinWiwit dina kaping siji ing wulan pasa, aku lan kancaku Ahmad Jhony nglansir buletin anyar sing rada beda marang terbitan liyane ing desa Blimbing, kecamatan Paciran, Jawa Wetan. Sadurunge, Blimbing wis nduwi paling sithik rong buletin: Suara Masjid lan Al-Ikhlash, terbitane Pemuda Muhammadiyah lan Pondok Pesantren Al-Ikhlash ing desa Sedayulawas. Karo-karone mbahas agama. Ing tiap terbitane, uga ora jarang dheweke mung ngusung tulisan sing disalin saka buku, makalah, lan artikel ing internet. Masyarakat butoh bahasan anyar, ora mung topik ika-iku bae. Lha kanggo ngwujudake apa sing dikarepake warga Blimbing, aku sengaja nyajiake seratan sing matur ora mung soal agama tapi uga soal kahanan desa, perkawis sosial lan teknologi. Buletin kuwi dakwenehi jeneng Blogging.

Jeneng Blogging kuwi metu sakecape lambe. Nalika cangkruk ngombe teh sore-sore, Jhony banjur bengok Blogging, eling marang tukang serat sing nulis ing internet: blogger. Blogging kuwi aktipitas sing dijalani karo blogger. Nanging lepas saka definisi teknis, blogging kuwi bisa dadi sawijining singkatan kanggo "Blog Info Blimbing."

Jum'at wingi, Blogging terbit ing edisi werna. Saben Jum'at, saminggu pisan, buletin iki pancen sengaja terbit nganggo werna -- ora mung ireng-puteh -- lan disebarake ing masjid-masjid nalika kyai lagi khutbah.

Buletin iki, dakkarepake, bisa dadi wadah nulis lan maca kanggo masyarakat Blimbing. Yen ana penulis utawa blogger sing arep melu nyerat ing buletin, aku uga nyumanggaaken. Carane nyumbang tulisan kuwi gampang. Penulis mung ngirimake artikele sing ora luweh saka 600 ukara, lewat email davidkhoirul[at]gmail[dot]com. Informasi lengkape bisa diwaca ing blogging.info.cm

Tuesday, February 22, 2011

Gunung Surowiti. Suro kang miwiti

Gunung Surowiti. Suro kang miwiti. Panceng, GresikNalika umur limang taon, aku manggon ing Surowiti nganthi luwèh saka nem wulan. Surowiti kuwi gunung cilik. Panggonané ana ing kecamatan Panceng, kabupatèn Gresik, Jawa Timur, utawa sekitar 15 kilo meter saka Wisata Bahari Lamongan.

Follow this blog via Facebook